Nadhom aqoid seket (50) Versi Jawa, Teks Arab dan Latin serta dilengkapi video bacaan nadhom. Aqoid seket adalah nadhom tentang sifat wajib Allah Swt.
BELIMBINGWENING.COM – Nadhom aqoid seket (50) adalah bacaan tentang sifat wajib Allah Swt yang perlu diketahui sebagai peneguhan iman seorang hampa kepada Tuhan-Nya.
Berikut ini adalah bacaan nadhom aqoid seket (50) versi Jawa, merupakan bacaan nadhom yang sudah lama namun mulai tegerus zaman. Sehingga aqoid seket ini perlu dikenalkan kembali dan sangat penting untuk diajarkan kembali.
Aqoid Seket Teks Arab

Aqoid Seket Latin
Alhamdulillah muji ing Gusti
Wassyukru lillah syukur ing Gusti
Rahmat lan salam katur Njeng Nabi
Kawula wergo shahabat Nabi
Wajib mukallaf kudu ngerteni
Aqoid seket sangune pati
Wajibe Allah rong puluh werno
Kang pisan wujud maknane ono
Ping pindo qidam dingen artine
Ping telu baqo’ langgeng maknane
Ping papat mukholafah suloyo
Muhal ing Gusti podo nang liyo
Waqiyamuhu jumeneng dzate
Wa wahdaniyah siji nyatane
Qudroh kuwoso irodah kerso
Muhal ing Gusti apes kapekso
Kaping songone ilmu artine
Angudaneni kabeh anane
Sepuluh hayat urip sejati
Sewelas sama’ midanget Gusti
Kaping rolase bashor ningali
Telulas kalam ngendiko gati
Alloh Qodiron Alloh kuwoso
Alloh muridan Alloh kang kerso
Alloh ‘aliman kang ngudaneni
Alloh hayyan urip sejati
Alloh sami’an kang miharoso
Alloh bashiron ningali nyoto
Mutakalliman kang angendiko
Kang tanpo huruf ugo suworo
Kang wus tinutur sifat wajibe
Lamun dibalik dadi muhale
Wenange Alloh iku mung siji
Agawe mungkin ninggale edi
Wajibe rosul papat sifate
Kang dingin sidiq bener dawuhe
Amanah kapercayan tindake
Ping telu tabligh anekaake
Kaping papate fatonah iku
Limpat cature ora keliru
Wenange rosul yo iku koyo
Laku lumrahe poro menungso
Koyo dahar ngunjuk lan sare
Sade lan tumbas ugo liyane
Iki aqoid seket tunggale
Wajib ing siro ngerti maknane
Supoyo tetep islam imane
Tutuke ajal mesem atine
Amin ya Alloh Robbal ‘alamin
Bijahin Nabi sayyidil mursalin